7 TUR JOWO


( 7 ) PITU_TUR JOWO Pitutur jowo Assalamu'alaikum wr...wb Bismillahi : Ngawiti ingsun kelawan nyebut asmane ALLAH Arrohmani : Sifat dzat kang maringi welas asih Arrohimi : Tur kang paring rohmat takdzim Dumateng pe maos sedoyo pertama-tama monggo tansah muji syukur dateng ngarsanipun Gusti ALLAH SWT ingkang sampun maringaken daten kito sedoyo kesehatan,ke imanan,ke iklasan , rahmat ,nikamt,hidayattipun kagem kito, Sholawat soho salam ugi kito aturaken dumateng junjungan kito nabi agung MUHAMAD SAW mugi-mugi kito sedoyo mbinjang angsal syafattipun ing dinten akhir ,,,, Mangertenono....!!!!!!
sejatining manungso urip ing ngalam nduyo iki mung jejer titah sak wantah duwene mung lali karo salah,mulo ojo podho kakean polah,siro urip ono kang nguripno,siro gedhe ono kang nggedekno,siro sugih ono kang nyugihno,mulo ojo podho adigang adigung adiguno,ojo dak sio marang sak podho-podho,maksiatte lerennono,lek pingin mulyo manutto tuntunane AGOMO,,,,termasuk lerenno anggene nglakoni MOLIMO...... SAK BEJO BEJANE WONG LALI ISIH LUWIH BEJO WONG KANG SENG EILING LAN WASPODHO Mempeng ngaji lali rabi NGAJI IKU PENTING OJO SENG PENTING NGAJI Ngaji iku sangune mati,,,,,,,,, Mumpung isih mudo ngajine temenono ngelingono yen wes tuo supoyo ora kuciwo WOLAK-WALIK ING ZAMAN Seng penting di anggep ora penting, Seng ora penting di penting-pentingno Seng apik di elek-elek, Seng elek di anggep apik Seng bener di salahno ,seng salah di bener- bener no Seng jane tontonan di anggep tuntunan, Seng mestine tuntunan malah dadi tontonan Ora ono manungso seng sempurno Ora ono manungso seng ora nduwe duso Mulo podho enggal-enggal tobatto Mumpung durung di timbali marang seng KUWOSO Zamane wes akhir.akeh wong kang podho loro pikir Yen ora di tambani dzikir akhire akale jungkir sa'iki zaman wes edan,akeh wong seng kang kelangan iman yen gak di tambani qur'an iso2 dadi edan tenanan Zamane zaman edan,akeh menungso podho lali karo pengeran Ngaku agamane islam tapi gak gelem sembahyang Hobine maksiat sak ndalan-dalan Nyambut gawe podho sungkan,bandane tanggane malah di gae rayaan Zamane-zaman maju ,akeh wong wadhon podho kemayu Lek bengi podho metu ngguya-guyu,mung trimo mamerne pupu Turut ngisor waru jebulle mung payu sewu Zamane-zaman globalisasi,akeh uwong wes lali karo dzat kang moho suci Akeh santri seng podho gak gelem ngaji,ugo akeh kyai seng lali karo santri Malah melu-melu rebutan kursi Manungso kui di titah podho, nanging lek masalah bondo di jatah bedo Mulo manungso iku wajibpe mung usaha karo dungo Intuk rezeki sepiro atine seng nrimo, gak usah meri karo konco (sak podho-podho) Akeh wong setres mergo urip pe gak beres Rino wengi mung mburu nduyo, njur lali karo agomo Ojo podho ngersulo ndak gelis tuo Wong yen nrimo urip pe dowo Wong seng sabar rejekine jembar Wong yen ngalah urip pe bakal barokah Sopo seng jujur urip pe makmur Wong suloyo urip pe soro Wong seng sombong amale kobong Sopo seng tlaten tembhe mburi bakal panen Akeh wong ngaku islam agamane tapi tumindak e sak karepe dewe Zamane wes zaman tuo akeh manungso wes angel di toto maring tuntunane agomo Senengane malah podho gae duso Tumindak duso sak bendino podho ra kroso Sitik-sitik ra ketoro sui-sui dadi cetho Koyo wong tumindak duso di lakoni sak bendino Duso lantaran umungan,lantaran kuping lan tangan Kadang-kadang ora kroso mergo pancen wes kulino Seng ati-ati kelawan waspodho menowo siro ngobrol karo konco Ngrasani tonggo ngojah alane liyo Kadang ra rumongso awak e gae duso Ayo mumpung durung telat, enggal-enggal podho tobat timbang ning akhirat siro mbesok nompo adzab Mung duso sepele kang ora di rasak ke Nanging gedhe akibate marang awak e dewe Mumpung isih urip ngibadaho kanti tertip ngelingono yen wes mati ora bakal iso bali Mumpung isih waras ibadaho kanti iklas Ngelingono yen wes loro ora biso opo-opo Mumpung isih longgar ibadaho kandi sabar Ngelingono yen wes repot ibadah rasane abot Mumpung isih sugih bondo dadio wong seng lumo Ngelingono yen wes mlarat rino wengi mung sambat Lek wes sugih ko ora kelingan bondo iku mung titipan Mbok yo eling karo sanak kadang yen wes sugih ojo mung nyawang Tulungono wong seng kekurangan sandang ugo kurang pangan Sugih bondo mung sak wetoro mbesok yen mati ora bakal di gowo wong seng lumo iklas amale,ngunu iku bakal akeh ganjarane Sugihe ojo mung kangge dewe seng mlarat mbok di gatek ke Dulur-Dulur Muslimin Muslimat Ayo Pada golek Sangu Akhirat Sak Durunge Ketekan Sekarat Ana Ing Kubur Bakal DitarapBakal Ditakoni Karo Malaikat Amal Kito Ora Ana Sing Kliwat Ayo Pada Ngelakoni Sholat Rina Wengi Mumping Sik Sempat Zaman Sak Iki Wis Jedek Kiamat Akeh Wong Seneng Ngekoni Maksiyat Ninggalno Sholat Lan Emoh Mbayar Zakat Wis Kadung Kroso Nikmat Lali Akhirat Konco-Konco Sing Sik Seneng mendem- menNdeman Dulur-Dulurku Sing Seneng Togelan Ayo Podo Dicegah Gak Terus-Terusan Sebab Mendem Koya Wong Edan, Seneng Togelan Ngrusak Masa Depan Seneng Tombokan Gak Iso Dadi Jutawan Sing Akeh Mari Oleh Tambah Jorjoran Wong Main Ngono Direwangi Syetan, Dijak Seneng Gae Konco Langganan Konco Nom-Noman Sing Sregep Nyelengi, Yen Wis Akeh Duete Digawe Rabi Calon Bojone Yo Iso Nyenengi, Morotuwane Yo Melok mbungahi Sregep Tangi Ing Tengah Wengi Dulur-Dulur Ayo Pada Sadar, Sak Durunge Ketekan Modar Tinimbang Getun Gak Kenek Dibayar Urip Ndik Ndunya Iku Mung Sak Gebyar Arek lanang jaman sa'iki ganteng-ganteng ora gelem ngaji seneng ngluyur awan bangi yen pacaran nomer siji bucah wadon jaman sa'iki cilik-cilik wes podho rabi sebabpe lek gak dang rabi kedisi'an wetenge gedhi (kedisi'an gendhong bayi) AGOMO niku AN-NASEHAH (nasehat) Nek pancen kito niku enten masalah ,kepingin bener seng ngandani , njih meniko AGOMO : Yen agomo omong bener njih bener , ning yen boten njih boten Milanipun monggo sareng-sareng wangsul agomo dipun dadosaken sumber kagem nylesek aken masalah , lan kagem sumber inspirasi dumateng kulo panjenengan lumampah murih slamet bejo ten dunyo dumugi tekan akhirat Allohuma Amiiiiiiiiiiiiiin........ Rosulullah pernah bersabda, “Barang siapa yang menghendaki kebahagiaan di dunia, maka hendaknyalah dia meraihnya dengan ilmu. Dan barang siapa yang menginginkan kebahagian di akhirat, maka gapailah ia dengan ilmu, dan barang siapa menghendaki kedua-duanya, maka rengguhlah pula ia dengan ilmu YEN NGAKU SANTRI WIS SAKMESTINE KUDU NGAJI YEN WES OLEH ILMU SENAJAN SITIK ZO DI LAKONI MUMPUNG ISIH ONO KYAI DI TLATENI GONE NGAJI MERGO IKU MBESOK SANGUNE MATI....... Nalika kita kudu liwat dalan munggah Senajan krasa wegah lan susah, ning kita kudu jumangkah Ya ngono kuwi dalaning urip, kudu dilakoni wong iku wajib Ra perlu gumuyu latah-latah yen lagi nemu bungah Ra usah nggriyeng tetangisan yen lagi nemu alangan/penandhang Ngresula, nalangsa, mung bakal nambahi abot ing coba Sing becik pancen mung pasrah sumarah, Pangeran mesthi paring berkah. amin,, "ajining dhiri gumantung ono ing lathi, ajining raga gumantung ing busono. ajining kesehatan ono ing pikiran, ajining mulyo ono ing makaryo, ajining kedhudhukan ono ing kabijaksanan,,,," urip ning alam ngarcopodo ki nandur, ning alam kalanggengan kui suk ngunduh. sing diunduh koyo opo sing ditandur mbiyen. urip ning alam ngarcopodo ki ngupload, ning alam kalanggengan kui suk download. sing di download koyo opo sing upload mbiyen. niatan apik durung karuan ditompo kanthi apik nuruti lan ngujo kasenengan donyan kui paribasan ngombe banyu segoro... TEKUN : sregep, prigel,rajin ulet lan g gampang putus asa marang opo wae kerja'an lan tindadakn TEKEN : tongkat,utowo gondelan,,,wong iku kudu duwe gondelan seng kuat,teken iso ugo damel petunjuk,yakni petunjuk dalan seng becik TEKAN : kesampek an (kesampean) MULO SOPO SENG TEKUN GOLEK TEKEN BAKAL TEKAN UMETO GAWE UMAT OJO NGANTI GAWE UMETTE UMAT PANTESE URIP KUDU ISO RUMONGSO TAPI........RUMONGSO ISO GAK PANTES DI URIPPI.... Belajar Maknane "KUPAT" "Ngaku Lepat" (Mengakui Kesalahan): Ono 3 modele wong salah; 1. wong Salah ngakoni salahe ( rumongso ), 2. Wong Salah ra ngakoni salahe ( ra rumongso ), 3. Wong salah ngakune bener ( ra duwe rupo ). ★ DUDU amergo ngrendahne (ngremehne) marang wong liyo seng dadek ake awak e dhewe niki MULYO ★ DUDU amergo bikak wadi (aib pe) wong liyo seng dadek ake awak e dhewe PINUJI ★ DUDU amergo ngafirke marang sedulure seng dadek ake awak e dhewe dadi wong IMAN ★ DUDU amergo ngen_nyek (alok) wong liyo seng dadek ake awak e dhewe PINTER ★ DUDU amergo wong liyo seng dadek ake awak e dhewe apik ⇉ ~♥~ ANANGING~♥~ ⇉ ⇉ AKAL LAN AKHLAQ KITO KIAMBAK INGKANG DADEK AKEN KITO NIKI DI ANGGEP WONG APIK ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ Assalamu'alaikum wr.....wb .... Alhamdulillah muji syukur dumateng ngarsanipun pangeran ingkang sampun maringaken dateng admin lan pemaos sedoyo njih meniko limpahan rahmat , nikmat , kesehatan , soho umur dowo lan sak sanes-sanesipun ,solawat soho salam mugi unjuk katur dumateng junjungan nabi kito MUHAMAD SAW mugi-mugi benjang enten dinten akhir kulo lan panjenengan sedoyo di pun akoni minongko umattipun kanjeng nabi amin . Ten mriki admin bade damel tulodho yakni pitutur JOWO ingkang part2 , ,mugi -mugi lewat tulisan niki sagetto MANFAATTI tumrappe kulo lan panjenengan sedoyo , lan mugi2 sagetto nuntun kulo jenengan wonten dalan ingkang dipun ridhoi pangeran ......amiin ﺳْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ Sirah nganti kanggo sikil polahe wong golek duwet Di rewangi mondar-mandir awak e mobat mabit Mburu senenge urip Ojo podho ngongso ono ndunyo golek bondho carane maneko warno Senajan rekoso , katon ino seng penting halal iku ora opo-opo Rezeki iku di buru bakal mlayu yen pancen durung jatahmu Ojo podho serakah , luwih becik pasrah Sethitik lah seng penting barokah Paribasane bendinane lawuhe mung sambel , tahu lan tempe Senajan mangane sak anane seng penting awak sehat lahir batine Opo gunane akeh bandane nanging ora dadek ake tentrem uripe Akeh bandane salah gunane nyengsarak ke marang awak e dewe ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ Yen podho krungu sworo adzan gek podho enggal-enggalan Tinggalno kabeh kerepotan nuhoni timbalan Adzan panggilane pangeran aja'an nglakoni sembahyang Minongko dadi kewajiban kabeh umat islam Yen podho krungu sworo adzan njur wudhu nuli dandan Nuju papan pangibadahan ngelakoni sembahyang Sambi nunggu rawuhe imam becik podho puji-pujian Menowo komat wes kumandang njur sholat bebarengan Ayo podho sholat berjamaah ganjarane langkung katah Ayo podho sholat berjamaah nderek dawuh rosulillah dadekno pakulinan yen bubar sembahyang sareng-sareng imam podho wiritan ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ Lamun manungso di cubo kelawan kesenengan lan kemewahan Kepinginane keturutan uripe sarwo kecukupan Dewek e ngomong kanti gampang iki kanugrahaning pangeran Nanging menowo manungso di cubo uripe rekoso dewek e njur podho kondho jarene allah ora tresno Anggepe dungane ora pernah di kabulne sak bendino mung ngersulo perintahe jur di sepelek ke Ono ndunyo namung sepisan , ojo nganti podo kapusan Ati-ati karo bujuk e syetan , urip iki mung sawang sinawang Bab agomo nyawango duwure , ndadek ake sregep ngibadahe Amprihe siro biso nrimo atine , bondo dunyo nyawango ngisore Mburu dunyo iku ora ono maremme , menowo siro ora nrimo atine Ojo podho meri karo kancane , sebab rezeki iku dewe-dewe jatahe Mulo ayo podho di tingkatne ngibadahe Nyambut gawe sak biso bisane , mung seng penting halal carane Elingo poro manungso ojo kondho allah gak tresno Sugih dudu ukuran mulyo , mlarat dudu ukuran ino Sugeh mlarat iku ujian tumrape wong seng podho iman Menowo sugeh podho syukuro , menowo mlarat podho sabaro ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ zaman edan akeh wong kang lali marang pangeran (sholat , ngaji , opo, maneh poso) mulo poro konco ngelingono ono ndunyo mung sedelo (neng ndunyane ojo lali akherate) nyambut gawe koto-koyo bakal urip selawase (mburu dunyo ora ono entek e) yen lagi ngibadah koyo-koyo dino sesok bakal pejah (nyambut gawe ojo lali ngibadahe) wayah magrib megane abang , mumpung urip ayo sembahyang (eling ... eling ... zo kang ... ) ono sumur nang tengah sawah , tambah umur sregep ngibadah (eling ... eling ... zow mbah ...........) mumpung siro isih waras , ngibadahokanti iklas (eling ... eling ... zow mas........) rukun islam ono limo gak sembahyang bakale tuno ‏( eman ... eman ... zow pak ...... ‏) ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ Sedulur podho eilingo , siro urip ono ing ngalam dunyo temenono anggonmu ngaji , tembe mburi ben ora rugi Ngelingono lamun wes mati , wes wancine ora biso nyelak_i Di sandangi sarwo putih , yen wes budal ora biso mulih Di tumpakne kereto jowo , rudho papat rupo manungso Jujukane ing jero guo , tanpo bantal tanpo keloso Di selehke ngalor mujure , guwone banget ciutte Ing kunu ora ono lawange , turu dewe ora ono kancane Di tutupi anjang-anjang , di uruki di siram kembang Yen uribpe gelem sembahyang , alam kubure bakal padang Yen urippe ra gelem sembahyang , di sikso ping pirang-pirang ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ Ayo podho sholat kanggo sangu neng akhirat Pitulas roka'at rino wengi ojo nganti telat Yen jejeg sholatte bakal jejeg agamane yen ninggal solatee bakal rubuh agamane Wis nyoto sholat iku cagak e agomo Wes nyoto sholat iku kuncine suargo Muslimin sedoyo kakung putri enom lan tuo Mumpung isih ono nduyo ojo ninggal sholat limo Mbesok dino kiamat kabeh amal bakal di hisab Sholat dadi kunci pitakonan nomer siji Yen becik sholatte di anggep becik kabeh ngamale Yen usak sholatte di anggep rusak kabeh ngamalle Pendak dina umur sudo sedino, mati kuwi ora enom ora tuwo, ora kroso awake dewe wis soyo tuwo, juru pati lirak- lirik saben dino, mula kuwi pada elinga yen bakale pada lungo, tindakno perintah'e agomo, Aja mung ngerat Donyo, diokehi sedekahe ben mbesuk mlebu Swargo. "Ketupat Janure tuwo" Wonten lepat nyuwun pangapuro. Sugeng nglampahi warso enggal 2013 t unyo iki wis tuwo, Wis tuwo tur keronto-ronto. Contone akeh putro wani karo wong tuwo, Akeh joko dadi dudo, Akeh dudo ngaku joko, Akeh prawan nglairke putro tanpo bopo, Akeh rondo towo-towo rogo. Jare ra penak yen ra dikancani joko. Akeh omah ibadat ra tau disobo. Sing disobo malah omahe germo. Dijak ibadah mesti semoyo. Jare sambat boyok'e loro. Sing meneng berarti rumongso. Sing mesem?lan nggguyu berarti kulino. Elingo yen sakwayah-wayah dipundut sing kuwoso. Ora enom ora tuwo. Malaekat podo ngincer sing leno. Mulo jo lali ibadah madhep sing kuwoso. Yen mati ben mlebu surgo. Yen mlebu surgo jo lali BB-ne digowo. Ben iso ngabari lan BBm-an karo konco2. Yen mlebu neroko BB-ne ra usah digowo, amargo sinyale ra ono! Ojo dumeh sugih bondo Yen pangeran paring loro Bondo akeh tanpo guno Dokter mung ngereko doyo Mulo mumpung siro sugih Tanjakno jo wigah-wigih Darmo jo ndadak ditagih Tetulung jo pilih-pilih Mumpung siro isih waras Ngibadaho kanti ikhlas Yen leloro lagi teko Sanakmu mung biso dungo Mumpung siro isih gagah Mempengo nyengkut jo wegah Mongko siro yen wus pikun Ora nelongso karo getun Mulo konco do elingo Uripmu sing ngati-ati Mung sepisan ono dunyo Yen wus mati ora bali Gusti Allah wus nyawisi Islam agomo sejati Tatanan kang anyukupi Lahir batin amumpuni Kitab Qur’an kang sampurno Tindak Nabi kang pertelo Sinaunen kang pramono Sing sregep lan ojo ndleyo Duh Allah Kang Moho Agung Mugi paduko maringi Ngibadah kelawan pitulung Mergi leres kang mungkasi Amin Amin Amin Amin Ya Allah Rabbal ‘Alamin Mugi Paduko ngabulno Sedoyo penyuwun kito Yen sowan Kang Moho Agung Ojo susah ojo bingung Janji ridlone pengeran Udinen nganggo ngamal Ngamal soleh ora mung siji Dasare waton ngabekti nDerek marang Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullahi mBangun turut ing wong tuwo Sarto becik maring tonggo Welaso sak podo-podo Mulango marang ing popo-popo Yen ngendiko ngati-ati Ojo waton angger muni Raqib-‘Atid kang nulisi Gusti Allah Kang Ngadili Urip donyo ora suwe Bakal ngalih panggonane Akherat nggon sejatine Mung ngamal becik sanguine Sowanmu mring pangeranmu Sopo kang dadi kancamu Sarto opo gegawanmu Kang nylametake mring awakmu Kulo sowan maring pangeran Kulo ijen tanpo rowang Tanpo sanak tanpo kadang Bondo kulo katilaran Yen manungso sampun pejah Uwal saking griyo sawah Najan nangis anak simah Nanging kempal mboten betah Senajan bebondo-bondo Morine mung sarung ombo Anak bojo moro tuwo Yen wis ngurug banjur lungo Yen urip tan kabeneran Bondo kang sapirang-pirang Ditinggal dinggo rebutan Anake podo keleleran Eling-eling siro manungso Nemenono nggonmu ngaji Mumpung durung katekanan Malaikat juru pati Awak-awak wangsulono Pitakonku marang siro Seko ngendi siro iku Menyang ngendi tujuanmu Kulo gesang tanpo nyono Kulo mboten gadah sejo Mung kersane Kang Kuwoso Gesang kulo mung sak dermo Gesang kulo sak meniko Inggih wonten ngalam dunyo Dunyo ngalam kerameyan Isine apus-apusan Yen sampun dumugi mongso Nuli sowan Kang Kuwoso Siang ndalu sinten nyono Jer manungso mung sak dermo Koyo-koyo sa'iki wes tibo mangsane , Agomo islam mung kari arane Langgar lan masjid mung kari bangunane , Alqur-an mung kari tulisane Pemimpin wes podho ilang adile , Wong sugih podho ilang lumane Fakir miskin wes podho ilang sabare , Akeh wanito podho ilang wirange Tiang sa'niki ono sayange ,podho males ibadahe Ugo males sholat jamaah e senengane sholat dewe Azdane wes di kumandangne , alesan repot mergawe Pujian wes di dawakno nanging zo ora gelem teko Opo maneh sholat subuhe tangine mletek srengenge Krungu azdan malah kelonan akhire ora subuhan Ojo piya piye pancenne wes kahanane dunyo koyo ngene , Seng sopo wonge pingin slamet uripe syarate kudu kuat iman lan taqwane - TURI-TURI PUTIH (tak elingna wong sawiji menawa iku kabeh bakale di bungkus kelawan putih kaya kembange turi) -DI TANDUR NENG KEBON AGUNG (Gak ana maneh kejaba nang kuburan) -CEMLERET TIBO NYEMPLUNG KEPUNDUNG KEMBANGE APA (Mbuh kembange suargo , embuh kembange neraka tergantung amale dewe-dewe ana ing dunyane) - Zaman makmur akeh wong kang padha kufur Senengane tumindak ngawur urip ngelantur angel di atur Para sedulur kakung lan putri akehana anggane syukur - Zaman akhir akeh wong kafir Seneng nuruti nafsu ing pikir ,mondar mandir ora gelem mikir Para sedulur kakung lan putri ngekehna anggone dzikir - Wes wancine ayo tobat marang gusti Mumpung durung teko pati kang wes mesti Nyuwun maring gusti tobat sak tulusing ati Wiwit cilik nganti sak iki, Mugi gusti ngijabahi Kahanane akhir zaman , , , Ngalor ngidul podho nerak i pranatan Tanpho iman nuruti bujuk ing syetan Yen ra ngunu , , , Rebutan karo dulur masalah warisan Pingin sugih ngrusuhi duwek e liyan Ora nyono Ora ngiro. . . Dunyo rusak e tananan Corak kahanane ,dunyo akeh maksiate lali maring pengeran Yen menkunu dadine. . . Nyenengake syetan sak balane Mulo podho elingo lan waspodho Yuuk poro konco podho eiling dek zaman semono Naliko sek di kudang karo wong tuo Koyo ngopo gedhene pangurbanane Tanpo pammrih Awit dadi kewajibane Di kadang lan di kudang sak bendinane Supoyo besok dadi wong kang ngerti kewajibane Iso ngangkat derajate wong tuo karo Sa'iki zamane zaman modern Bondho dunyo gumelar agawe semseng Mulane yuk co-konco kito seng Waspodho PANGESTUNE WONG TUO PUSOKO KITO => Kasih sayange wong tuo nang anak iku di ibaratne sak kelopo , tapi lek kasih sayange anak nang wong tuo iku ibaratte mung sak upho Sak gedhi-gedhine upho ora ngarah iso ngalahne gedhine kelopo senajan kelopo iku mau kecenthet Sedoyo muslimah niku AYU , tapi dudu amergo seng KEMAYU , ananging mergo budi pekerti lan akhlak seng RAHAYU Sedoyo tiang kakung islam niku GAGAH , tapi dudu amergo seng kakean POLAH , Ananging mergo sregep nglakoni IBADAH Sedoyo tiang islam niku HEBAT , tapi dudu amergo PANGKAT , anangung mergo iman taqwa ne KUAT Sedoyo muslimin lan muslimat niku PAHLAWAN , tapi dudu amergo JURAGAN , ananging mergo wani lan semangat sarto teges anggenipun nglampahaken KABENERAN Naliko kito nandur pari , mesti ono sukette seng tukul karepe dhewe , tapi lek kito nandur suket , ora bakal iso tukul pari Artine : tumindak seng apik iku kudu di tandur/ perlu belajar ora iso tukul karepe dewe,,,tapi lek tumindak olo iku ora usah belajar iso karepe dhewe UMUR NIKU NYELOT TAMBAH , otomatis MASALAH njih nyelot TAMBAH , BEBAN urib pe njih TAMBAH, YEN ''NGELMUNE'' boten TAMBAH mangke malah SETRESS se seng tambah, iso-iso malah ngundomono Gusti Allah , (ngerti ngundomono pow duk wong-wong ki wehehe) Alah gampange MAIDHO ngunu wae lah Pramilo saking meniko MONGGO SAMI NAMBAHI ILMU.

Komentar